Sabtu, 27 Agustus 2011

Laras Slendro



Slendro iku salah sijiné laras ing gamelan.  Ana 5 swara (nada). Slendro béda karo pelog, ing slendro ora ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Laras slendra nduwé 5 nada neng masing-masing oktaf, yaiku 1 2 3 5 6 utawa C- D E+ G A lan masing-masing nduwé béda interval swara sing cilik.

Asal-Usul
Durung ana ahli kang bisa mesthèkaké kapan slendra wiwit ana ing tanah Jawa. Ana kang ngira yèn ‘’slendro’’ ana sesambungane karo Wangsa Syailendra kang naté kawentar ing Jawa kuna. Ana sawetara ahli sing golèk sesambungané slendra karo andha swara tradhisional ing Indhia lan Cina.
Notasi
Angka
Pangucap
Jeneng
1
ji (siji)
panunggal
2
ro (loro)
gulu
3
lu (telu)
dhadha
5
ma (lima)
lima
6
nem (enem)
nem
Watak lan Pathet
Ing Bali, slendro digunaake kanggo kahanan sing sedhih, amarga asring dienggo bareng karo anglung kanggo acara ngobong mayit.
Ing Jawa, ana telung pathet. Pathet iku kaperang dadi ‘’nem, sanga,’’ lan ‘’manyura’’. Urutan iki umume kanggo pagelaran wayang
Pathet Nem
Umume ditulis ‘’slendro nem’’. Pathet iki dienggo ing swara kang cendhek kanthi adhedasar 2 karo 3. Perangan swara ing pathet iki asring disilih dening pathet liyane. Ing pelog pathet 5 dienggo kanggo pagelaran wayang sadurunge tengah wengi.
Pathet Sanga
Umume ditulis ‘’slendro sanga’’. Ana kalane uga disebut ‘’barang miring’’. Pathet iki adhedhasar swara angka 5 karo 1. Pathet iki dienggo selang-seling karo pelog pathet nem ing pagelaran wayang nalika isih bukaning wengi nganti wengi.
Pathet Manyura
Pathet iki nganggo swara angka 6, 2, lan 3 dadi dhasaré. Tinimbang slendro liyane, pathet manyura luwih dhuwur swarane lan luwih sigrag. Beberangen karo pelog barang, pathet iki dienggo ing wayah esuk, wiwitane wengi, pungkasane wengi, lan kanggo upacara-upacara khusus.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar